Entri Populer

Selasa, 21 Desember 2010

Happy Mother's Day!!!!!!!!

haay teman,,
Selamaaaaaaaaaat hariii Ibuuu, Mamaaaa, Mamiiii, Simboook buat semua orang tua super qt di dunia!!!
\(^^)/
ayo yang lagi diperantauan (curcol) segera ambil telpon en ucapkan selamat hari ibu, minta maaf en bilang sayang ma beliau..
(^^)b
nich ada sedikit kutipan buat qt tentang Simbok (ibu)!!!

Chekidot!!!
~(n_n)~



Simbok, Gurune Urip Sejati
Urip ing jaman simbok mbiyen, anane adhem ayem, tentrem. Simbok sing tegen mugen lan utun, sabar tlaten nggedhekake thole lan genthuk. Wiwit seko iyig-iyig nganti dadi oyogoyog, simbok sing ngombani, nagncani lan leladi kanthi titis tlaten. Simbok sing njagan, yen ana bocah arep nglimpang seka amben, arep njlungup jugangan, lan arep dolanan geni. Bengak-bengok simbok marang anak, cumengkling cetha, ning kebak wewekaning urip.
            Yen simbok lagi namakake “senjatane”, ngeloni anake nganggo kelek, nyusoni, njur ndongeng Kancil, jan ora ana tandhingane. Ing kekepane simbok, arepa mambu susur, tapir sing telung dina ora mambu banyu, anak mau keket, anteng, rumangso dituntun tekan urip sejati, mulyo. Anak diwuruki simbok, ben ora urip plepayon rebutan panguwasa lan bandha donya. Simbok sing kuwangan ngglegar nggulung lelakon bocah, nepungake laku-lakuning urip. Ora beda karo wong ngundha layangan, simbok ngumbar anake, dolanan peplayon, jithungan, uthut, adu wayang, pasaran, jamuran, engklek, ning tetep diawasi ben ora dha regejegan. Yen ana sing kerah, gablog-gablogan, simbok mbentak sengak, sok njewer wer, kanthi pangajap ben ora dibaleni meneh.
            Aku dadi kelingan, lelagon jawa karayane Slamet Gundono, ana sing muni : Simbok gawa geni ngobong lintang dadi abang. Ngobong rembulan dadi areng. Kepranan mring ati tentrem. Mitraku sing dadi dhalang wayang suket iki, meneng-meneng tetep mundhi-mundhi luhure simbok. Simbok tetep dadi pribadi agung. Simbok sing gawa geni, tegese dadi tuke pepadhang tumprap anak. Kanthi pepadhang, lintang (gegayuhan) bisa dadi abang, maksude dadi ngowahi nasibe anak. Simbok kuwi tansah kangen, dhemen marang tentreme ati. Coba dienengake,ing lelagon Caping Nggunung kae ana cakepan : “ Dhek jaman berjuwang, njur kelingan anak lanang, mbiyen tak openi, neng saiki ana ngendi.” Iku pengangene simbok, sing wis nglelithing anak. Jaman biyen anake mung dipakani sega jagung, yen udan dipayungi caping gunung, lan kebak lara lapa. Iki tintingan supaya anak ora lali marang kulite (simboke).
  

*big hug from u'r lovely daughter*

1 komentar: